Kamis, 17 Mei 2018

# Adicara # Suka-Suka

Mapag Sasi Pasa

Nuwun, 
Nyuwun pangapunten amargi ing kalodangan punika anggenipun matur lumantar basa Jawa sanajan namung basa Jawa ngoko. Babagan kasebut tuwuh nalika ningali regengipun acara mapag sasi siyam. Wonten ingkang nyadran, tampi pengaosan ujubipun ruwahan, punjungan, lan adicara khas Kutha Semarang Dugderan. Punika atur kula. 
Mapag wulan pasa, saperangan warga merloake nyadran utawa sadranan. Miturut ngendikane wong tuwa, nyadran utawa sadranan asale saka tembung sodrun tegese ati utawa eling. Nyadran wujude tilik kubur, nyekar, lan ndongake marang arwah kang wis sumare. Kanthi nyadran diajab supaya wong kang isih urip eling menawa mbesuk uga bakal ngalami mati. 
Nyadran diadani ing wulan Ruwah miturut penganggalan Jawa utawa Sya’ban miturut penanggalan Islam utawa Hijriyah. Dene ruwah asale saka tembung arwah, tegese ruh. Mula ing sasi ruwah ditindaake nyadran minangka kanggo kirim donga kanggo arwah kang wis tinimbalan ing ngarsa Allah Subhanahuwata’ala.
Ing wewengkon ing sakiwa tengenku, ing sasi ruwah wong-wong giliran kepanggonan pengajian saperlu ruwahan ujube kirim donga. Ing kalodangan kasebut ora lali disuguhake panganan kayata apem, pasung, ketan, gedhang raja lan kolak. 

Jajanan Ruwahan
Prasasat saben omah suguhane jajanan kuwi. Kala-kala ditambahi ager-ager, bolu utawa panganan liyane. Saka saperangan katrangan kawuningan menawa panganan utawa jajanan kasebut ora angger digawe, nanging duwe makna. 
Apem iku salah sawijine panganan kang digawe saka glepung beras. Tembung apem asale saka basa Arab afuwwun, tegese pangapura. Mula apem minangka simbol pangapura. Malah ana kang ngandarake menawa apem mujudake payung kanggone arwah. 
Ewondene pasung yaiku panganan kang wujude kerucut lan diwungkus nganggo godhong gedhang. Pasung minangka kanggo teken. Pasung uga digawe saka glepung beras. 
Pasung
Saliyane iku ketan minangka kanggo ngraketake antarane arwah lan keluargane lan gedang raja minangka kendaraane arwah. Kabeh mau ancase kanggo nguri-uri budaya lan mujudake sodaqoh. 
Mapag sasi pasa ana uga kang paring atur-atur marang sesepuh kang diarani punjungan. Wong enom munjung wong tuwa. Sedina sadurunge pasa, wong tuwaku diaturi punjungan arupa sega,opor lan sambel goreng. 

Punjungan Mapag Tanggal
Jaman saiki utawa kerep diarani jaman now kang modern lan individualis, arang-arang wong munjung. Kamangka punjungan iku mujudake bekti wong enom marang wong tuwa. Ora among anak marang bapa biyung ananging iso uga murid marang guru. Utawa sapa bae nom-noman marang para sepuh. 
Menawa panjenengan kleresan mampir Kutha Semarang, ana adicara tradisi kang wis kawentar nalika mapag sasi pasa, yaiku dugderan. Tembung Dhugdher asale saka Dhug mujudake swara bedug yen ditabuh:dhug-dhug. Dher saka swara mercon mbledhos dher! 
Udarakara seminggu utawa rong minggu sadurunge pawai dhugdheran, saperangan bakul dolanan dodolan ing sakiwa tengen dalan. Menawa taun-taun kepungkur para bakul nggelar dagangan ing sacedake pasar Johar, Yaik lan Kauman. Nanging taun iki dipindahake ing wewengkon relokasi pasar Johar sacedake Masjid Agung Jawa Tengah. Apa wae dodolane? Prasasat dolanan kanggo bocah-bocah. Ana lemah pecah maneka warna, celengan, timbangan, kapal-kapan, mobil-mobilan kayata bis dan trek cilik, gangsingan, lan sapiturute. Saliyane dolanan, hiburan liyane uga digelar kayata ombak banyu, undar, tong setan lan sapanunggalane kayadene pasar malem. 

Dolanan ing Dhugdheran
Tahun iki pawai dhugdheran diadani dina Selasa Kliwon 29 Sya’ban 1439 H utawa 15 Mei 2018. Sedina sadurunge yaiku tanggal 14 Mei diadani karnaval mapag Ramadhan dene pelajar ing Kutha semarang, mapan ing Lapangan Simpang Lima. Karnaval Dhugdheran diwiwiti saka Balaikota Semarang ing dalan Pemuda tumuju menyang Masjid Agung Kauman, lang pungkasane ing Masjid Agung Jawa Tengah. 
Sanajan wis nemoni jaman now, muga-muga nom-noman saiki ora lali nguri-uri budhaya jaman old kang adhi luhung. 
Sugeng nindaake ibadah Ramadhan. 
Foto :Pribadi, Endang Sapti Poernomo

2 komentar:

  1. Meski aku ngga pinter membaca dan menulis bahasa Jawa kromo, ngga apa-apa ya aku ikutan komen ☺

    Aku senang membaca artikel dan melihat foto-foto pelengkapnya ... jajanan pasar dan permainan traditional.

    Salut kak Hartari ikut menggerakkan penganan dan permainan traditional tetap lestari 👍

    BalasHapus
    Balasan
    1. matur nuwun mas Himawan sampun kersa maos. Kula nembe latihan supados mboten kesupen. Isin menawi dipun wastani wong Jawa kelangan jawane. Nuwun

      Hapus