Sabtu, 02 Februari 2019

Suka Parisuka Ngeblog Bareng Gandjel Rel

Nuwun, 

Sawijing kanca nate omong, menawa deweke meri karo aku. Kang diireni perkara sepele, yaiku amarga aku bisa nulis. Sanajan durung akeh tulisanku, nembe siji loro crita cekak kang daktulis. Jarene, tulisan iku bakal diwaca lan bisa terus diwaca sanajan pawongane wis tilar donya. Babagan kasebut njalari tuwuhe pemikiran, yen ngono nulis kuwi ora mung asal-asalan. Nulis iku kudu laras lan manfaat.

Jaman milenial iki, babagan apa bae bisa diwaca utawa diunduh saka jagad maya. Media online luwih narik kawigaten para milenial kang ora bisa adoh saka gawai. Mula saiki akeh kang pada pindah media. Saka nulis ing ariwarti utawa kalawarti, pindah menyang media online. Kayata nulis ing blog, utawa dadi bloger. 

Blog minangka pilihan media kanggo paring informasi lan bisa dadi ruang ekspresi. Para bloger bisa nulis “curhat” apadene rekomendasi babagan apa bae. Kayata papan wisata, kuliner, macak, lan liya-liyane. 

Wiwitane ajar nulis ing blog, pranyata ora gampang, amarga kudu bisa metani utawa koreksi tulisane dewe. Bab tanda baca, tembung lan ukarane wis gathuk opo durung, ojo lali panulisane kudu runut supaya kepenak diwaca. Kang ora bisa disepelekake, gambar utawa foto uga gathuk karo babagan kang ditulis. Ora tumon to yen nulis bab kuliner utawa panganan, nanging fotone sandal. 

Saliyane iku nulis ing blog becike jujur lan adil. Yen seneng ora perlu ngunggul-ngunggulake nganti sundul langit, ngepasi ora seneng olehe maido nganti entek amek kurang golek. Menawa panulisane jujur, luwih kepenak anggone nulis lan anggone maca.

Babagan kang wigati liyane yaiku bab copas utawa nyonto. Sadurunge, aku kerep maca blog kang isine pada plek ora ana bedane. Ora mung siji, nanging akeh blog kang isine pada. Menawa mrangguli blog kaya mengkono tuwuh pitakonan jan-jane sapa kang nulis sepisanan lan banjur diturun utawa dicopas dening liyane?

Amarga isih akeh pitakonan bab panulisan blog lan sapiturute, mula aku melu kumpulan blog wanita ing Semarang, yaiku Gandjel Rel. Kumpulan bloger wanita iki minangka wadah kanggo para bloger wanita ing kutha Lumpia. Maneka warna acara kerep digelar kanggo nambahi semangat para GRes utawa anggota Gandjel Rel kayadene latihan gawe blog kanggo bloger anyaran, pelatihan SEO, ngregengake saperangan adicara saperangan produk, melu ngregengake adicara pamarentah kayadene gerakan masyarakat sehat lan sapanunggalane. 

Akeh manfaat kang bisa dipetik yaiku tambah ilmu, tambah kanca, tambah info-info bab lomba nulis, lan yen kapinujon beja bisa tambah hadiah nalika blog kang ditulis menang ing sayembara. 

Wondene ing intern GRes uga diadani arisan blog sawetara wektu kepungkur. Sapa kang narik arisan, kang nemtoake tema kang ditulis dening GRes liyane. 

Pinuju taun iki, ing ulang tahun kaping 4, diadani blog challenge yaiku tantangan nulis blog kanggo mahargya ulang taun utawa tanggap warsa Gandjel Rel kaping 4. Cacahe ana 4 tema kang wigati yaiku bab Kutha Semarang (apa bae), Lingkungan hidup (wujude crita cekak/fiksi), perlindungan anak, lan kang pungkasan bab ngeblog sesambungane karo Gandjel Rel. 

Ing tembe mburi, aku duwe pepinginan bisa ajeg nulis, panulisane uga tambah tatas titis tetes lan bernas, sokur-sokur bisa antuk bebungah utawa hadiah. Lan kang baku, tulisane bisa paring inspirasi kanggo sapa bae. Lumantar kumpulan bloger wanita Gandjel Rel, muga-muga apa kang dadi pepinginanku bisa kasembadan. 

Sugeng Tanggap Warsa Gandjel Rel ingkang kaping 4.

Wajik klethik gula jawa, luwih becik wong prasaja 
Roning mlinjo, sampun cekap nyuwun ngaso 

Nuwun.

(Tulisan ini untuk menyemarakkan Parade 4th GandjelRel - #BlogChallengeGandjelRel Pekan ke 4)
#roadto4thgandjelrel
#blogchallengegandjelrel

11 komentar:

  1. Wah mbakku sing siji iki ncen ampuh tenan, sing liyane nulis nganggo bahasa indonesia wae isih grotal gratul iki malah nulis nganggo boso jawa..nguri-uri budaya jawa tenan. Tak amini dongamu mbak mugo-mugo Gandjel Rel bakal nganakake pelatihan blog ben anggotane luwih ciamik meneh anggone ngeblog :) amin

    BalasHapus
  2. Aku uga ngamini dongane jeung Dani...ketularan rekening gendhut

    BalasHapus
  3. Wis..pokoke ngeblog ki ncen nyenengke yo mba... Apa maneh yen tulisane Migunani marang liyan... Alhamdulillah...

    BalasHapus
    Balasan
    1. horeee...komenku biso ngetok.. haha..

      Hapus
    2. Simsalabim...ketok. ngeblog pancen nyenengke, tambah kanca, tambah ilmu.

      Hapus
  4. Masya Allah, kulo ingkang tiyang Semarang asli mboten saget boso Jawi, alhamdulillah menawi tasih wonten ingkang langkung sae boso Jawinipun. Monggo Mbak, kapan-kapan kulo disinauni boso Jawi. Mantul loh Panjenengan meniko.

    Inggih, saestu menawi kempalan Gandjel Rel meniko kathah manfaatipun. Sanajan kulo mboten nate kempal kepanggih kaliyan GRes, namung ugi ngraosaken manfaat saking grup WA. Kathah ilmu ingkang kulo dapataken. Mugi-mugi kulo kaliyan Mbak Hartati saget kepanggih sawijining dino mangkeh nggih. Suwun :).

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matur nuwun sampun kersa pinarak ing griya maya. Mugi mugi pinanggih, saget ngrasani eh....

      Hapus
  5. Mb Hartari... kulo nyuwun diajari boso Jowo alus nggih :)
    Sae sanget mb... monggo dilajeng nge-blog malih... #yeay

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wah..punika kemawon ngantos mbolak-mbalik pepak basa jawa, ngantos bukune brodol.

      Hapus
  6. Mba Hartari sumonggo ingkang rajin nyerat, ngeblog iso kanggo crito ingkang migunani kagem tiyang sanes

    Duhhh, mbak Hartari, aku ki wong Jowo tapi lali boso Jowo alus, nyuwun ngapunten menawi wonten klentunipun

    BalasHapus
    Balasan
    1. nuwun inggih, punika setunggaling ikhtiar supados mboten lali mring basa jawa.

      Hapus